Selasa, 22 Januari 2013

Wurung Golek Pesugihan


Wurung Golek Pesugihan

Mas Marto lan mbak Nari anggenipun mbangun brayat sampun sawetawis dangu, sampun pinaringan momongan tiga jaler sedaya, taksih alit-alit. Mbajengipun umur 6 tahun.Senajan mas Marto punika satunggaling aparat pemerintah (tentara), nanging kanyata gesangipun kala semanten Nyenen Kemis alias rekaos.Kawontenan dereng kados sak punika, gaji ageng lan taksih ketambah tunjangan warni-warni.Senajan dipun rencangi pados tambahan, dalu dados satpam ing salah satunggaling perusahaan, nanging kok inggih meksa dereng cekap, taksih rekaos.Mas Marto ngantos judheg manahipun. Ing satunggaling dinten, mas Marto mbeberaken kawontenanipun dhateng salah satunggaling kanca satpam, bab kados pundi supados gesangipun saget cekap.
Rencang satpam ingkang nama pak Slamet wau manthuk-manthuk, lajeng criyos mekaten :“Pances kok pak Marto, wong kuwi janji wis kejudhegan, adhakan njur njupuk dalan pintas”, ngaten cricosipun.
“Pak Slamet, aku ya wani kok njupuk dalan pintas, janji wae ora laku colong jupuk, nggedhor njambret. Yen kecekel wah wirang, isin lan ya saru. Hla piye wong aku seorang aparat je,” ngaten wangsulanipun mas Marto.
“Nek neng dhukun gelem pa ?” pak Slamet taken.
“Gelem,” wangsulanipun mas Marto mantep.
“Hayo nek gelem tak terke, ning mengko rembugana dhewe.” Ngaten pak Slamet tawi jasa.Gantos dinten, kekalihipun kesah dhateng redi Srandil sowan mbah Jenggot. Inggih tiyang punika juru kunci ingkang saget wawan rembag kaliyan roh alus, ingkang saged ngrencangi pados bandha (dados sugih).
Dumugi mriku, mas Marto ingkang gadhah perlu ingkang kapurih mlebet, dene pak Slamet tengga wonten njawi ngriya.
Sasampunipun sami pitepangan lan kaaturan pambagya kawilujengan, mas Marto ngaturaken wigatosing sedya.
Juru kunci inggih mbah Jenggot, mirengaken kaliyan manthuk-manthuk, wusana criyosipun :“Nak, panjenengan punika satunggaling karyawan pemerintah, gadhah pemedal ingkang ajeg, mbok inggih ingkang sabar. Bab cekap utawi sugih punika, rak namung dereng. Punapa sampun dipun penggalih saestu ta, nak ?” Mas Margo sejatosipun lingsem mireng pitakenipun mbah Jenggot wau, ning kados pundi, sampun kelajeng dumugi mriku tur manah sampun mantep. Mila wangsulipun :“Sampun pak, kula sampun mantep nyuwun pitulunganipun bapak.”
“O .... sanes dhateng kula nak, ning dhateng dhanyangipun redi Srandil mriki,” mbah Jenggot ngleresaken. Salajengipun :“Ning nggih punika nak, wonten unen-unen, “Jer Basuki mawa bea”. Mas Marto ngertos kajengipun mbah Jenggot, tumunten mangsuli :“Inggih pak kula ndherek,” mbah Jenggot tumuli nilar mas Marto mlebet senthong ngantos sawetawis wekdal, saperlu ngaturaken kekajenganipun mas Marto dhateng dhanyangipun redi Srandil, inggih mbah Bewok. Sareng medal mbah Jenggot criyos :“Panyuwunan panjenengan dipun kabulaken, nak dening mbah Bewok, saratipun penjenengan kedah siam ngebleng wonten senthong tigang dinten tigang dalu. Yen sampun rampung, panjenengan lajeng tindak mriki. Dene donganipun ngaten : “Mbah Bewok kula nyuwun bantuanipun supados saget sugih bandha.”
“O .... inggih, pak.” Ngaten wangsulanipun mas Marto sagah. Sasampunipun punika mas Marto lan pak Slamet sami mahtuk.
Dhateng ingkang estri, mas Marto criyos menawi badhe prihatos siyam ngebleng, lan weling, salebetipun tigang dinten tigang dalu sampun ngantos dipun ganggu. Sasampunipun rampung anggenipun siyam, mas Marto wangsul manggihi mbah Jenggot ing redi Srandil.
Ing ngriku mas Marto lajeng dipun dusi mawi toya sekar, wadhahipun pengaron. Pak juru kunci lajeng criyos :“Nak, penjenengan badhe kadumugen punapa ingkang panjenengan kersakaken, ning pendhak gangsal taun sepisan, dhanyangipun nyuwun kuthuk utawi cempe setunggal minangka kurban.”Sak punika panjenengan kondur, mbenjing dinten malem Jemuah Kliwon, mbah Bewok dhanyangipun badhe dhateng dalem penjenengan, suka gambaran-gambaran kasugihan ingkang badhe penjenengan tampi, ning ugi kuthuk utawi cempe calonipun kurban.Inggih wekdal punika penjenengan dipun tanting, estu lan mbotenipun anggenipun badhe sesambetan kaliyan mbah Bewok dhayangipun ngriki.”Saestu, dinten malem Jemuwah Kliwon, mas Marto njarag tilem wonten ngajeng konten, ning pikiranipun nglambrang kengetan criyosipun pak juru kunci, yen mbah Bewok dhanyangipun redi Srandil badhe dhateng. Ngantos meh jam kalih welas mas Marto namung gedabigan, mboten saged tilem. Inggih mergi saking ngantukipun, wusana saged les ketileman.
Ing salebeting tilem, mas Marto ngimpi dipun dhatengi kaki-kaki rasukan cemeng, ngajak mas Marto mlebet ing griya ingkang sae, prabotanipun lengkap, lan enggal sedaya. Mas Marto piyambak rumaos gumun, menapa malih sareng tiyang punika criyos :“Omah saisine sing becik-becik iki peken, ning aku ijolana kuthukmu.”Mas Marto manthuk sagah. Kaki-kaki rasukan cemeng wau lajeng ngajak pindhah mlebet ing griya ingkang langkung sae malih, malah sedaya tetumpakan wonten, saking sepedha, motor, mobil. Semanten ugi lemari kaca ingkang saking njawi ketingal gumebyar, wadhah warni-warni rerengganing busana priya lan wanita, kados dene gelang, kalung, sengkang, sesupe, ingkang sedaya tinretas berliyan. Kaliyan ningali kaki-kaki wau criyos malih :“Iki sing kaping pindho, uga bakal dadi duwekmu, ning aku ijolana cempemu.”Mas Marto manthuk, sagah. Kaki-kaki wau lajeng ngajak pindhah malih.
Sapunika mlebet ing griya ingkang kados kraton. Papanipun endah sanget, isinipun sarwi sae, ingkang dumugi sapunika mas Marto dereng nate sumerep. Ing meja dhahar ketingal sumadhiya sawernaning dhedhaharan ingkang menginaken. Kaki-kaki wau criyos malih kaliyan mas Marto :“Iki kabeh bakal dadi duwekmu, yen kuthuk lan cempemu mbok wenehake aku kabeh. Piye kowe saguh ora ? Dene yen kuthuk utawa cempemu entek, genten kowe sing melu aku.” Pitaken ingkang kaping tiga punika mas Marto dados bingung, mila taksih mendel kemawon. Ing salebetipun mikir-mikir menika, punapa ingkang dipun kajengaken kaki-kaki wau, ndadak sak njawining griya ingkang kados kraton punika kapireng tangisipun lare-lare ingkang sanget ngeres-eresi manah, ngundang-undang tiyang sepuhipun. Mireng punika mas Marto taken dhateng kaki-kaki wau.
“Punika swantenipun punapa ?”
“Ya kuwi swarane kuthuk-kuthuk lan cempe sing dening wong tuwane wis dipasrahake aku. Nek kowe kepingin weruh .... ayo tak duduhi !” Kaki-kaki wau lajeng mbikak konten butulan.Kados punapa kagetipun mas Marto, sareng sumerep lare-lare alit sami dipun larak-larak tiyang-tiyang gagah-gagah prakosa, badhe kacemplungaken ing papan kados kawah ingkang mawanipun mengangah benter. Elokipun, anak-anakipun mas Marto tiga punika saking katebihan ketingal sampun dipun cepengi kenceng dening tiyang-tiyang gagah-gagah wau, ning lajeng dipun oyak semahipun dipun gendholi.
Sumerep punika, mas Marto lajeng mbradhat mlajar murugi papaning anak-anakipun kaliyan mbengok sora : “Aja ... aja ... aja ... kuwi anakku ! Ngertos-ngertos mas Marto dipun gigah kanthi dipun oyog-oyog sora dening semahipun, tembungipun :“Pak ! ... pak ! ... pak ! ... nglilir ... njenengan ki ana apa ?” Mas Marto sadhar. Kaliyan linggih, ambeganipun krenggosan, kringet asrep gumrobyos medal, badan raosipun kados les-lesan.
Sareng sampun dipum ombeni toya semahipun, piyambakipun kaliyan criyos : “Sembahyang pak...... sembahyang ........ ! ben diparingi wening, ana apa ta ?”
Mas Marto lajeng tumata manahipun, dangu-dangu lajeng wening. Kemutan dhateng criyosipun pak juru kunci, menawi dhanyangipun badhe dhateng, nanting kekajenganipun, estu punapa mboten mas Marto anggenipun pados pesugihan. Lajeng gapyuk ngrangkul semahipun kaliyan criyos :“Wis-wis bu, ora sugih ora papa, angger urip tentrem karo anak lan bojo, aku ora sida golek pesugihan.”Semahipun blas mboten ngertos punapa ingkang dipun kajengaken mas Marto. Enjing sak sampunipun dipun critani, nembe mangertos dhodhok selehing prakawis, menawi semahipun badhe pados pesugihan ning tanpa tetarosan semahipun.
Mila criyosipun dhateng ingkang jaler.“Gage kana dibalak ..... batal wae....... pak, ora sah sida njaluk sugih ...... yen kudu ngurbanke kuthuk ..... cempe utawa anak. Aku madhep mantep nyuwun karo Gusti, angger nyambut gawe kinanthen gemi nastiti, suwe-suwe rak ya pinaringan cukup.” Mas Marto nggega pemanggihipun ingkang estri, lajeng bidhal dhateng redi Srandil, saperlu mbatalaken kekajengan pados pesugihan. Mas Marto trimah wurung. Niyatipun badhe kerja keras supados pinaringan cekap gesangipun. Pangibadhahipun ingkang rumuyin kendho, lajeng dipun mempengi. Sregep anggenipun sembahyang, sesarengan kaliyan semah lan anak-anakipun.
“Tamat”

Tidak ada komentar: