Selasa, 22 Januari 2013

Dadi Juragan Barang Bekas



Dadi Juragan Barang Bekas
            
            Karepe Mugiman sepele. Mung arep mbiyantu bapake sing thenger-thenger saben ndina merga ora nduweni paitan kanggo dodol terompet.Sanadyan paitan wis ana nanging gunggunge ora sepira. Isih cupet . Kudu dimangerteni yen gawe terompet mbutuhake paitan maneka warna. Saka dluwang  werna-werna rupane, kerdhus tumeka lim.     Dluwang wis cemepak sak jogan ruwang tamu. Tumpekan dluwang sing mengkilap ulese maneka warna turahan setahun kepungkur isih isa digunakake. Lem saka pathi kanji ya wis cemepak. Sak wektu-wektu mbok Yekti gelem nggawe.“Kerdhuse mepet ya Pak?” Mugiman banjur alok bapake sing katon rikuh. Minangka wong tuwa sajake ora patrap yen terus-terusan ngupadaya Mugiman.
            “Sekolahan ketoke ana kerdhus akeh Pak. Aku wingi ditawani Pak Kepala Sekolah,” kandhane mbukak bruwete pikir. Antara percaya lan ora, bapake perlu negesake.          “Kok apik temen kepala sekolahmu Mug?” “Ya iku merga aku nate dadi juara kelas Pak.  Sak liyane kuwi uga dadi juara karate nalika Porseni tingkat kecamatan,” wangsulane ethes kaya-kaya wis disiapake. Lik Min kaget.   “Kapan kerdhus-kerdhus mau isa mbok jupuk? Kerdhus wis ora kaggo tenan  ta?” bathuke bapake isih pating mengkerut.
“Tenan Pak, bapak kepala sekolah nawani kaya mangkono merga pirtsa yen awake dhewe bakulan terompet,”Lik Min manggut-manggut mantep. Bubar sarapan Mugiman njranthal tumuju sekolah. Kebeneran sekolah lagi prei. Sanadyan prei bapak kepala sekolah piket. Dadi Mugiman ora kecelik.     Tekan ngarep lawang, kepala sekolah sing grapyak gage-gage nemoni Mugiman. Eseme sing nentremake ati diumbar.“Sida golek kerdhus Mug?”“Saestu Pak, saestu,”“Lha endi wadhahmu?”“Kula bentel lajeng kula sunggi menapa mboten kiyat to Pak?” semaure sak kecekele. Pak Kepala sekolah gedheg-gedheg.“Ah, mesaake sirahmu. Yen kentepan  kerdhus malah kelong pintere lho,” guyone kepala sekolah. Mugiman mlengeh.
            “Luwih becik bapakmu diaturi rene. …Gudhang ya ana gerobak cilik, isa mbok gunakake,” “Matur nuwun Pak, matur nuwun sanget.” Mugiman sing entuk kawigaten kang omber rumangsa kudu sumringah atine. Mugiman lan lik Min mbongkoki tumpukan kerdhus ana ing ruwang kepala sekolah. Pirang-pirang bentel. Loro-lorone gembrobyos. Batine Lik Min, kok akeh temen kerdhus sing sing diparingake.“Kerdhus-kerdhus niku pun pundhut menapa pun paringaken Pak?” pitakone lik Min lugu.Pak Mus, kepala sekolah mung gemujeng.“Pun paringaken… Kangge hadhiah Mugiman kemawon. Sekolah dereng saget maringi hadhiah ingkang pantes kangge Mugiman. Menika kangge bonus.,” Pak Mus ngajak guyon. Lik Min klecam-klecem. Batine, hadhiah kerdhus iki yen diregani dhuwit isa kepetung luwih seketan ewu. Petengan jumlah sing isa ngurangi rekasane bapake.
Luwih sak jam olehe ubeg ana ruwang kepala sekolah, bacute loro-lorone pamitan mulih.Mesthi wae ora lali ngaturake matur nuwun marang kepala sekolahe.“Dadi wong pinter ya ana rejekine ya Mug?”“Iya to Pak, rencanane semester ngarep aku bakal entuk beasiswa”“Saka sekolahan?”“Saka pamarintah Pak, ““Wah, wujude dhuwit ya Mug?” bapake ngoyak takon.“Iya Pak, mosok beling?” ceblang-ceblung olehe mangsuli.
***
Kocapa  bareng kerdhus mau diusung ngango gerobag menyang ngomah, dumadakan dadi sak gunung. Omahe nganti kebak. Mbludag menyang emper. Mesthi wae dadi repot mbok menawa ana tamu. Kahanan kaya mangkono mau ndadekake sesawangan sing ora kepenak menyang mripat. Bejane Yu Yah sing tukang dodol barang rongsokan   rumangsa kudu melu cawe-cawe. Dheweke saguh nukoni kerdhus-kerdhus mau.“Tinimbang ngebaki omah reged to Mug, piye yen tak tuku kerdhus-kerdhusmu?  Bapakmu endi?” Yu Yah lungguh dlosoran saking kesele.“Iki kerdhusku Lik, ora sah taren karo bapak. Bapak menyang kutha dodol tetompet,” semaure emtheng.“Sekilone pira? Apa diborong kabeh sisan Lik?”“Ya, ngono wae timbang repot-repot,”“Arep mbok tuku pira Lik?” minggrang-minggring olehe taren.“Seket ewu piye?”“Tambahi sithik ta Lik, iki arep tak enggo paitan dodol dluwang rongsokan. Aku arep dadi tukang ngepul kertas, kerdhus, plastik..”“Wah, saingan karo aku yo Le?”“Ya ora to Lik, mengko tak setorke Sampeyan,”
Bacute kerdhuse Mugiman didol payu sewidak ewu. Kanggone Mugiman iki petungan sing lumayan. Pikirane banjur  mlethik. Yen kerdhus payu, mesthi dkuwang-dluwang duweke kanca-kancane sing ora kanggo uga payu.Mula sakploke preinan iki Mugiman mubeng kampung nemoni kancane sak kelas mbaka siji.  Kabeh ditakoni, mbok menawa nduwe dluwang sing ngebaki omah lan dadi susuh tikus.  Ora kenyana-nyana, jebule ora mung dluwang wae. Kerdhus, plastik, wes kasil digawa mulih Mugiman. Ayeme ora jamak sanadyan awake kesel. Malah kadhangkala Mugiman mesem dhewe nalika nyawang barang-barang rongsokan mau. Sanadyan wis akeh sing nglirik, Mugiman durung lila ngeculake. Ati cilike mongkog minangka rumangsa dadi juragan.Telung dina bacute bapake kaget. Ngomahe kebak maneka warna barang-barang sing wis ora kanggo.“Lho, kok kowe dadi juragan Mug? Entukmu modhal ngendi?”“Tanpa modhal Pak, tugase bapak sak iki nampa lan nukoni wong-wong kang adol dluwang, kerdhus , plastik lan wesi. Iki daftare rega saben kilone Pak..Yen wis nglumpuk arep diparani sing kawogan..,”
“Lha kok nduwe dhuwit saka ngendi Mug?”“Saka koperasi sekolah Pak, disilihi Pak Kepala sekolah,”Bapak lan anak rangkulan. Trenyuh. Sapa ngerti yen iki pancen dalan kanggo paitan urip sing luwih mbejaji. Tinimbang dadi buruh tani. Tinimbang mung njagakake dodol terompet setahun pisan. Tinimbang mulih sekolah mung ngantuk klakepan.

5 komentar:

Unknown mengatakan...

Unsurnya jugaa dongg pliss

Unknown mengatakan...


Apa sing nyebabake bapake mugiman thenger thenger?

Unknown mengatakan...

Unsurnya juga pliss

Unknown mengatakan...

Unsur beserta buktinya, tolong plisss

Unknown mengatakan...

Kesimpulannya apa pliss dong