Selasa, 22 Januari 2013

TIBA KANTEB


TIBA KANTEB
                Pak Bayu Widodo sing purnawirawan Mayor iku, esuk iki ora tidak-tindak kaya sabene, ning malah lenggahan njedhodhot neng kamar tamu. Panjenengane ngrasakake putrane si Gito Taryono, putra ontang-anting sing jarene kuliah wis telung taun kok isih panggah semester siji. Mbandhel... ndhugal.... ndableg...., marakake mumet.Dina-dina senengane mung kluyuran dolan irat-irit karo kancane gonta-ganti. Saiki wis ora wani nyuwun dhuwit bapakne, ning bu Bayu sing ora bisa endha yen disuwuni dhuwit putrane. Nyuwun pira-pira mesthi diparingi. Yen ora njur nesu lan ngamuk.Wektu iku Gito metu saka kamar tangi turu, njur arep ngalih neng kamar tamu arep nyetel TV, jegagik rada kaget merga bapakne lenggah neng kono. Rekane arep mbalik neng kamar mandhi, ning karo pak Bayu ditimbali :Git! renea.... kono lungguh!” gelem ora gelem Gito banjur lungguh ing kursi ngarepe bapakne. Gito pancen wedi yen karo bapake. Ngendikane pak Bayu :“Git, ngapa yah mene kowe lagi tangi, genea kok ora mangkat kuliah?”Kuliahipun mangkeh jam sedasa, pak, dhosenipun sami rapat.”
Bapak kuwi anane mung ngandel lho Git, senajan ngerti yen bapak kerep mbok apusi. Lha kuwi nyatane kowe ora tau munggah. Piye yen mengko bapak wis wegah ngragati? Dina-dinamu mung ngluyur ora juntrung karo cah adoh-adoh. Karo pemudha kampung kowe emoh srawung, kuwi jenenge rak kuwalik. Srawung baur neng masyarakat kuwi penting Git. Kaya sopire bapak mas Utomo kuwi. Kuliah wragat dhewe kanthi direwangi dadi sopir pocokan kana-kene. Merga anggone temen lan sregep sinau, saiki sekripsine wis rampung, ateges keri wisudha. Pak Bayu meneng ngenteni reaksine Gito, sing tetep meneng tumungkul ora mangsuli apa-apa. Sidane pak Bayu neruske ngendikane rada sereng :Piye saiki, aku nanting tenan karo kowe, isih saguh kuliah, apa mung arep kluyuran dolan dadi wong urakan?” Lirih semu wedi wangsulane Gito :“Inggih Pak, kula taksih sagah kuliah.”
Tenan lho...., wis kana... mung kuwi kandhaku.” Gito gage ngadeg terus neng kamar mandhi adus, let sedhela wis keprungu gebyar.... gebyur. Ature Gito karo bapakne mau embuh tenan embuh ora, ning gandheng wis jam sepuluh kurang seprapat, Gito ya njur nyangklong tas, ngetokke montor, njur lunga kaya nek arep kuliah. Pak Bayu mono priyayi kinurmat ing kampunge. Dasar priyayi ana, neng kampung gedhe sosiale. Samubarang kanggo kebutuhan lan kemajuane kampung tansah kersa cawe-cawe. Mula ora mokal yen panjenengane diangkat minangka sesepuh. Wayah sore, Gito maca koran neng taman ngarep teras, ndadak keprungu wong uluk salam :Kula nuwun!” Gito noleh arahing suwara, ndadak kaget lan gumun dene ana kenya ayu medhayoh neng omahe. Nuli mangsuli karo gupuh ngadeg.“O... mangga-mangga dhik.” Nuli kandhane cah ayu mau :“Punapa bu Bayu wonten mas?”“O... ibu ta?..., wonten dhik, sekedhap kula aturanipun.” Gito gage mlebu nggoleki ibune, let sedhela wong loro wis metu nemoni dhayohe. Ngendikane bu Bayu :Wow nak Prastiwi, mangga lenggah nak!”
Inggih bu, matur nuwun. Punika namung sekedhap kok. Punika bu, kula dipun utus bu Darmo nyaosi duku, kala wingi sonten rak ngendhah kebon iring ndalem punika.” Kandha ngono bocah ayu mau karo ngaturke tas kresek isi duku kebak, tinampan dening bu Bayu. Ora lali bu Bayu ngendika matur nuwun kaaturna bu Darmo. Bocah mau matur sendika, banjur pamit mulih.Gito mripate mentheleng kaya bandeng anggone nyawang cah ayu mau ora uwis-uwis. Batine gumun lan sengsem denea bocah kuwi kokle mulus ayu tanpa cacat, gek sopan santune genep pisan. Bu Bayu pirsa putrane sajak kepranan marang Tiwi njur ngendika :“Git ngertia!, kuwi cah sing kos nggone bu Darmo, jenenge Prastiwi. Dene asline Semarang, ning neng kampung kene srawunge becik. Baur karo mudha-mudhine, malah saiki didadekake ketua I, dene wakile Utomo ya sopire bapakmu, kuwi.”“Wah bocahe ayu nggih bu?, gek sopan santune nggih genep.”Iya Git, seje karo kanca-kancamu sing dha ting bejijak lan urakan kae. Kowe sejatine rugi, wong karo pemudha/ pemudhi sekampung kok ora tepung malah wong kana-kana sing dha ra juntrung mbok srawungi raket.” Gito ngakoni lan mbenerke ngendikane ibune. Jroning ati janji yen wiwit saiki arep melu ombyake pemudha kampung. E ya melu-melu mas Utomo sopire bapakne yen dhong rapat-rapat, kerja bakti, lan kegiatan kampung liyane. Sing cetha, wiwit weruh Tiwi sepisanan atine wis kecanthol.
Atine Gito wis mantep kepingin nyedhaki... macari.... sing mengkone yen Tiwi gelem arep dirabi. Kuwi mau karepe Gito, pemudha lajang sing sekolahe mung disambi dolan lan kluyuran. Batine kuliah ora rampung ora dadi apa, toh bandhane wong tuwane akeh kepara kanggone kampung kono, pak Bayu kuwi sugih dhewe. Gito bakal nggunakake bandhane bapakne kanggo mikat Tiwi, srana arep diwenehi apata apa barang sing pengaji. Tiwi pancen bocah supel lan apikan, karo sapa wae cepet akrap lan sumadulur, klebu marang Gito. Saiki bubar kuliah, Gito sregep sanja neng nggone kanca pemudha-pemudha kampung, luwih-luwih neng nggone bu Darmo pondhokane Tiwi. Gito batine rada kecelik, jebul Tiwi iku ora gampangan kaya bocah-bocah wadon liyane. Biasane dha gampang nampa paweweh, lan seneng yen ditraktir jajan utawa diajak dolan. Gito wis bola-bali nari Tiwi arep ditukokake apa sing disenengi, ning Tiwi nolak alus, alasane wis duwe utawa kurang perlu. Nganti Gito judheg, piye carane gawe senenge Tiwi sing rupa hadiyah, sing maksude Gito kanggo nyedhaki Tiwi, syukur bisa ngetokke gembolaning ati, blaka yen dheweke seneng lan tresna marang Tiwi. Eman pambudidayane tansah gagal, merga Tiwi durung tau ketemu Gito kuwi ijen, ndilalah mesthi ana kancane. Saking ora kuwate ngampah, Gito nggoleki Utomo sopire bapakne neng kamare, lagi leyeh-leyeh. Gito njur njejeri Utomo karo takon :“Mas Ut, mbok aku diwarahi carane nelukke atine cah wadon sing angel. Pisan ji iki aku seneng tenan je mas, ora bakal tak enggo dolanan.”
Wangsulane Utomo kalem :“Walah dhik Git, sliramu kuwi kurang apa? Rupa nggantheng, ya kuliahan, dhuwit neng ngesak muwel. Isih kurang apa? Mangka slirane kuwi ya baut ngrayu cah wadon. Kuwi tak ngerteni sing uwis-uwis lho. Sliramu kleru dhik nek takon aku, soale aku durung tau pacaran. Aku mung arep adhang-adhang suk nek ana prawan welas nresnani aku dhik.” Krungu wangsulane Utomo, Gito gage njenggelek tangi karo kandha :“Mas Ut, wegah aku krungu kojahmu kuwi. Aku ki takon tenan je.”Ora dhik Git, sejatine cah wadon ngendi ta sing mbok gandrungi kuwi?”Ah rahasia mas, suk wae nek dheweke wis tak kuwasani tenan, kowe lagi tak kandhani.” Gito terus metu ninggal kamare Utomo kanthi ati mangkel. Gito saiki aktif neng organisasi kampung, soale tansah didhampingi Prastiwi. Notoling ati anggone kepingin nglairake tresnane mbangeti, ning... tansah ana-ana wae jalarane sing marahi cabar. Pancen angel tenan Gito nggolek wektu kanggo duaan, wong Prastiwi neng ngendi-ngendi mesti ana kancane. Jam-jam bubar kuliah, Tiwi pancen wis padhet banget kanggo kegiatan kampus lan kampung. Gito wis marani saben dina, bisa nyawang cedhak-cedhakan karo prawan ayu kuwi wae atine wis seneng. Awit Prastiwi pancen wis mlebu tenan ing atine.
Saiki Gito uga nyah-nyoh aweh bantuan kanggo muda-mudi kampung, apa maneh yen sing nampa Prastiwi, dhasar dheweke ketuane. Kena pengaruhe Prastiwi, Gito dadi mempeng sinaune, ndadekke bungahe bapak lan ibune. Penjenengane uga remen yen mengkone Gito kasil nguwasani Prastiwi lan gelem diajak urip bebrayan. Dina Jum’at keluargane pak Bayu Widodo entuk uleman saka pak Darmo, sing surasane kabeh warga kampung, mbesuk malem Minggu kasuwun rawuh ing daleme pak Darmo. Ya sing dipondhoki Prastiwi, saperlu ngestreni ulang taune Prastiwi sing kaping sangalas. Malah jarene keluargane Prastiwi saka Semarang uga arep padha rawuh. Dene pak Bayu sekaliyan, kadhapuk nampa tamu lan paring pangandikan kanggo sing ulang taun. Pak Bayu uga sagah. Malah mundhutke hem lan clana anyar kanggo Utomo jare ben ora lusuh.Utomo pancen bocah sing lugu lan prasaja, nglungguhke dhirine sing mung sopir. Senajan dheweke mahasiswa sing wis lulus lan nyandhang gelar Drs. Wektu maca undhangan, Gito bungahe ngayang batin. Ya wektu iki kesempatan akeh kanggo aweh kadho istimewa kanggo Tiwi lan kesempatan kanggo ngrogoh atine prawan ayu kuwi.Gage sms karo Tiwi takon arep njaluk kadho apa? Jawabane, dikadho apa wae arep, lan matur nuwun sadurunge.Oh... atine Gito lunjak-lunjak kesenengen. Gage nyuwun dhuwit ibune njur lunga menyang toko. Baline ngrenggiyeg, entuk bakal klambi putri patang potong, tas, sleyer. Gunggung dhuwit telung atus ewu dientekake. Kejaba kuwi tuku filem rong rol, mengko kanggo gawe kenang-kenangan karo Tiwi.Lagi jam lima Gito wis dandan mlithit, clana lan heme anyar gres saka toko durung dikumbah wis dianggo. Njur nyedhaki bapake karo matur :Pak, mobile kula bekta, kula dugi nggene dhik Tiwi mruput, mbok menawi Tiwi mbetahke kengkenan kula.” Pak Bayu mangsuli :“Wis budhala Git, bapak mengko gampang, boncengan motor karo Utomo rak bisa.” Senajan isih sore ning wis rame. Kabeh wis tinata asri. Kira-kira jam setengah pitu wis wiwit padha rawuh. Tiwi neng ngarep lawang nyalami karo nampa kadho banjur diulungake sing nduwe tugas.
Gito ngrengkek nyedhaki Tiwi nggawa bungkusan kadho gedhe sing pepak isine. Sawise ngulungake lan nyalami kenceng, rekane arep ngesun, ning Tiwi gage nyalami tamu liyane sing lagi wae rawuh. Gito gela, ning ya wis ora dilebokke ati. Anggone njepreti Tiwi ora leren-leren. Bareng ngerti ana tamu sing bisa motret, camera gedhe kuwi banjur diulungake, ganti awake dhewe sing tansah mepeti Tiwi njaluk difoto. Wis kanthi gaya sing apa wae, pokoke dipolke, janji mepeti Tiwi, sing sejatine atine ora seneng karo pokale Gito. Upacara banjur wiwit, sambutan-sambutan saka pranata adicara, pengurus-pengurus pemudha, wong tuwa lan keluargane Tiwi. Wusanane pak Bayu sing isine paring pitutur marang muda-mudi, uga ucapan selamat marang sing ulang tahun. Sawise rampung salam-salaman, banjur kaaturan dhahar bebarengan prasmanan neng kamar tengah. Gito tansah aksi, bejijagan motreti rana-rene sarwa nggaya. Rampung dhahar lan ngunjuk es crim, keprungu swarane lantang bapake Tiwi lewat mikrovon ngene :Bapak ibu lan para tamu undhangan sadaya, ing dalu punika babar pisan, kula badhe ngresmekaken pepacanganipun anak kula pun Suprastiwi kaliyan nakmas Drs. Utomo, inggih sopir pribadinipun bapak Bayu Widodo ing kampung mriki. Dhateng nakmas Utomo, kula suwun jumeneng lan tindhak mriki, upacara pepancangan tumunten badhe katindakaken.”
Krungu tembung mau, Gito kaya krungu bledheg ing mangsa ketiga. Sakala otot bebayune kaya dilolosi, awak gemetar, sirah cleng-clengan buyer, mripat klemun-klemun kaya arep tiba, kringet adhem mbrubul. Gandheng dheweke mau bejijagan, mula ora ngetarani nalika Gito metu mulih tanpa pamit ninggal pasamuwan. Neng dalan lakune sempoyongan kaya wong mabuk. Tekan ngomah mbukak lawang, tanpa copot sepatu, langsung awak dibrukake dipan sakrosane karo sambat tangise ngaru wara :
O awak... awak... apes temen aku... jebul aku kewirangan. Aku prasasat kejungkel tiba kanteb... aku.... aku... di KO karo sopir bebaune bapakku dhewe si Utomo... Oh Tiwi... Tiwi... jebul kowe dudu jodhoku... Oh aku... tiba kanteb.” Nalika upacara tunangan dileksanani, wis ora ana gebyar-gebyar camera sing nggawe kenang-kenangan merga Gito wis bablas mulih. Ning bocah loro Tiwi lan Utomo tansah ngumbar esem sajak kalegan atine.
Tamat

Wurung Golek Pesugihan


Wurung Golek Pesugihan

Mas Marto lan mbak Nari anggenipun mbangun brayat sampun sawetawis dangu, sampun pinaringan momongan tiga jaler sedaya, taksih alit-alit. Mbajengipun umur 6 tahun.Senajan mas Marto punika satunggaling aparat pemerintah (tentara), nanging kanyata gesangipun kala semanten Nyenen Kemis alias rekaos.Kawontenan dereng kados sak punika, gaji ageng lan taksih ketambah tunjangan warni-warni.Senajan dipun rencangi pados tambahan, dalu dados satpam ing salah satunggaling perusahaan, nanging kok inggih meksa dereng cekap, taksih rekaos.Mas Marto ngantos judheg manahipun. Ing satunggaling dinten, mas Marto mbeberaken kawontenanipun dhateng salah satunggaling kanca satpam, bab kados pundi supados gesangipun saget cekap.
Rencang satpam ingkang nama pak Slamet wau manthuk-manthuk, lajeng criyos mekaten :“Pances kok pak Marto, wong kuwi janji wis kejudhegan, adhakan njur njupuk dalan pintas”, ngaten cricosipun.
“Pak Slamet, aku ya wani kok njupuk dalan pintas, janji wae ora laku colong jupuk, nggedhor njambret. Yen kecekel wah wirang, isin lan ya saru. Hla piye wong aku seorang aparat je,” ngaten wangsulanipun mas Marto.
“Nek neng dhukun gelem pa ?” pak Slamet taken.
“Gelem,” wangsulanipun mas Marto mantep.
“Hayo nek gelem tak terke, ning mengko rembugana dhewe.” Ngaten pak Slamet tawi jasa.Gantos dinten, kekalihipun kesah dhateng redi Srandil sowan mbah Jenggot. Inggih tiyang punika juru kunci ingkang saget wawan rembag kaliyan roh alus, ingkang saged ngrencangi pados bandha (dados sugih).
Dumugi mriku, mas Marto ingkang gadhah perlu ingkang kapurih mlebet, dene pak Slamet tengga wonten njawi ngriya.
Sasampunipun sami pitepangan lan kaaturan pambagya kawilujengan, mas Marto ngaturaken wigatosing sedya.
Juru kunci inggih mbah Jenggot, mirengaken kaliyan manthuk-manthuk, wusana criyosipun :“Nak, panjenengan punika satunggaling karyawan pemerintah, gadhah pemedal ingkang ajeg, mbok inggih ingkang sabar. Bab cekap utawi sugih punika, rak namung dereng. Punapa sampun dipun penggalih saestu ta, nak ?” Mas Margo sejatosipun lingsem mireng pitakenipun mbah Jenggot wau, ning kados pundi, sampun kelajeng dumugi mriku tur manah sampun mantep. Mila wangsulipun :“Sampun pak, kula sampun mantep nyuwun pitulunganipun bapak.”
“O .... sanes dhateng kula nak, ning dhateng dhanyangipun redi Srandil mriki,” mbah Jenggot ngleresaken. Salajengipun :“Ning nggih punika nak, wonten unen-unen, “Jer Basuki mawa bea”. Mas Marto ngertos kajengipun mbah Jenggot, tumunten mangsuli :“Inggih pak kula ndherek,” mbah Jenggot tumuli nilar mas Marto mlebet senthong ngantos sawetawis wekdal, saperlu ngaturaken kekajenganipun mas Marto dhateng dhanyangipun redi Srandil, inggih mbah Bewok. Sareng medal mbah Jenggot criyos :“Panyuwunan panjenengan dipun kabulaken, nak dening mbah Bewok, saratipun penjenengan kedah siam ngebleng wonten senthong tigang dinten tigang dalu. Yen sampun rampung, panjenengan lajeng tindak mriki. Dene donganipun ngaten : “Mbah Bewok kula nyuwun bantuanipun supados saget sugih bandha.”
“O .... inggih, pak.” Ngaten wangsulanipun mas Marto sagah. Sasampunipun punika mas Marto lan pak Slamet sami mahtuk.
Dhateng ingkang estri, mas Marto criyos menawi badhe prihatos siyam ngebleng, lan weling, salebetipun tigang dinten tigang dalu sampun ngantos dipun ganggu. Sasampunipun rampung anggenipun siyam, mas Marto wangsul manggihi mbah Jenggot ing redi Srandil.
Ing ngriku mas Marto lajeng dipun dusi mawi toya sekar, wadhahipun pengaron. Pak juru kunci lajeng criyos :“Nak, penjenengan badhe kadumugen punapa ingkang panjenengan kersakaken, ning pendhak gangsal taun sepisan, dhanyangipun nyuwun kuthuk utawi cempe setunggal minangka kurban.”Sak punika panjenengan kondur, mbenjing dinten malem Jemuah Kliwon, mbah Bewok dhanyangipun badhe dhateng dalem penjenengan, suka gambaran-gambaran kasugihan ingkang badhe penjenengan tampi, ning ugi kuthuk utawi cempe calonipun kurban.Inggih wekdal punika penjenengan dipun tanting, estu lan mbotenipun anggenipun badhe sesambetan kaliyan mbah Bewok dhayangipun ngriki.”Saestu, dinten malem Jemuwah Kliwon, mas Marto njarag tilem wonten ngajeng konten, ning pikiranipun nglambrang kengetan criyosipun pak juru kunci, yen mbah Bewok dhanyangipun redi Srandil badhe dhateng. Ngantos meh jam kalih welas mas Marto namung gedabigan, mboten saged tilem. Inggih mergi saking ngantukipun, wusana saged les ketileman.
Ing salebeting tilem, mas Marto ngimpi dipun dhatengi kaki-kaki rasukan cemeng, ngajak mas Marto mlebet ing griya ingkang sae, prabotanipun lengkap, lan enggal sedaya. Mas Marto piyambak rumaos gumun, menapa malih sareng tiyang punika criyos :“Omah saisine sing becik-becik iki peken, ning aku ijolana kuthukmu.”Mas Marto manthuk sagah. Kaki-kaki rasukan cemeng wau lajeng ngajak pindhah mlebet ing griya ingkang langkung sae malih, malah sedaya tetumpakan wonten, saking sepedha, motor, mobil. Semanten ugi lemari kaca ingkang saking njawi ketingal gumebyar, wadhah warni-warni rerengganing busana priya lan wanita, kados dene gelang, kalung, sengkang, sesupe, ingkang sedaya tinretas berliyan. Kaliyan ningali kaki-kaki wau criyos malih :“Iki sing kaping pindho, uga bakal dadi duwekmu, ning aku ijolana cempemu.”Mas Marto manthuk, sagah. Kaki-kaki wau lajeng ngajak pindhah malih.
Sapunika mlebet ing griya ingkang kados kraton. Papanipun endah sanget, isinipun sarwi sae, ingkang dumugi sapunika mas Marto dereng nate sumerep. Ing meja dhahar ketingal sumadhiya sawernaning dhedhaharan ingkang menginaken. Kaki-kaki wau criyos malih kaliyan mas Marto :“Iki kabeh bakal dadi duwekmu, yen kuthuk lan cempemu mbok wenehake aku kabeh. Piye kowe saguh ora ? Dene yen kuthuk utawa cempemu entek, genten kowe sing melu aku.” Pitaken ingkang kaping tiga punika mas Marto dados bingung, mila taksih mendel kemawon. Ing salebetipun mikir-mikir menika, punapa ingkang dipun kajengaken kaki-kaki wau, ndadak sak njawining griya ingkang kados kraton punika kapireng tangisipun lare-lare ingkang sanget ngeres-eresi manah, ngundang-undang tiyang sepuhipun. Mireng punika mas Marto taken dhateng kaki-kaki wau.
“Punika swantenipun punapa ?”
“Ya kuwi swarane kuthuk-kuthuk lan cempe sing dening wong tuwane wis dipasrahake aku. Nek kowe kepingin weruh .... ayo tak duduhi !” Kaki-kaki wau lajeng mbikak konten butulan.Kados punapa kagetipun mas Marto, sareng sumerep lare-lare alit sami dipun larak-larak tiyang-tiyang gagah-gagah prakosa, badhe kacemplungaken ing papan kados kawah ingkang mawanipun mengangah benter. Elokipun, anak-anakipun mas Marto tiga punika saking katebihan ketingal sampun dipun cepengi kenceng dening tiyang-tiyang gagah-gagah wau, ning lajeng dipun oyak semahipun dipun gendholi.
Sumerep punika, mas Marto lajeng mbradhat mlajar murugi papaning anak-anakipun kaliyan mbengok sora : “Aja ... aja ... aja ... kuwi anakku ! Ngertos-ngertos mas Marto dipun gigah kanthi dipun oyog-oyog sora dening semahipun, tembungipun :“Pak ! ... pak ! ... pak ! ... nglilir ... njenengan ki ana apa ?” Mas Marto sadhar. Kaliyan linggih, ambeganipun krenggosan, kringet asrep gumrobyos medal, badan raosipun kados les-lesan.
Sareng sampun dipum ombeni toya semahipun, piyambakipun kaliyan criyos : “Sembahyang pak...... sembahyang ........ ! ben diparingi wening, ana apa ta ?”
Mas Marto lajeng tumata manahipun, dangu-dangu lajeng wening. Kemutan dhateng criyosipun pak juru kunci, menawi dhanyangipun badhe dhateng, nanting kekajenganipun, estu punapa mboten mas Marto anggenipun pados pesugihan. Lajeng gapyuk ngrangkul semahipun kaliyan criyos :“Wis-wis bu, ora sugih ora papa, angger urip tentrem karo anak lan bojo, aku ora sida golek pesugihan.”Semahipun blas mboten ngertos punapa ingkang dipun kajengaken mas Marto. Enjing sak sampunipun dipun critani, nembe mangertos dhodhok selehing prakawis, menawi semahipun badhe pados pesugihan ning tanpa tetarosan semahipun.
Mila criyosipun dhateng ingkang jaler.“Gage kana dibalak ..... batal wae....... pak, ora sah sida njaluk sugih ...... yen kudu ngurbanke kuthuk ..... cempe utawa anak. Aku madhep mantep nyuwun karo Gusti, angger nyambut gawe kinanthen gemi nastiti, suwe-suwe rak ya pinaringan cukup.” Mas Marto nggega pemanggihipun ingkang estri, lajeng bidhal dhateng redi Srandil, saperlu mbatalaken kekajengan pados pesugihan. Mas Marto trimah wurung. Niyatipun badhe kerja keras supados pinaringan cekap gesangipun. Pangibadhahipun ingkang rumuyin kendho, lajeng dipun mempengi. Sregep anggenipun sembahyang, sesarengan kaliyan semah lan anak-anakipun.
“Tamat”

Sandhal Tilas Bungkus Mie Instan ( Boyolali )


Sandhal Tilas Bungkus Mie Instan
( Boyolali )

          Bungkus tilas mie instan ing tanganipun Sulami 45 tahun warga Singkil, Boyolali khita dipunsulap dados barang ingkang pajeng dipun sade. Bungkus-bungkus mie instan dipunsulap dados sandhal khanti manika model. Sekawit bungkus tilas mie instan ingkang asalipun saking tanganipun dipun kumbah ngantos resik, dipun pepe saha dipunpilah-pilah, ingkang kawontenanipun taksih sae. Salajengipun kadamel pola jumbuh kalian model ingkang dipun kajengaken. Supados bungkus tilas kasebat kiyat nemplekipun dipun ginakaken lem kajeng. Salajengipun  dipun dadosaken setunggal mawi lambaran karet tipis saha samekta dipun pasaraken. Sandhal sepasang saking limbah tilas bungkus mie instan menika dipun sade kanthi regi matawis sedasa ngantos gangsal welas ewu rupiah.
          Sulami padatan nyade asil karyanipun ing peken-peken tradisional saha pasar malem. Emanipun salebeting nggilut bisnis menika Sulami kepalang perkawis bahan dasar arupi bungkus mie instan satemah mboten saben dinten saged produksi. Kajawi menika Sulami ugi taksih kepalang perkawis pemasaran.

NGLARI SEDULUR


NGLARI SEDULUR
RASA kangene maring Kakang sinarawedi ora kena disayuti. Mula Sulastri gawe surat maring salah sawijining Surat Kabar ing rubrik Surat Pembaca. Sing mangsude wara-wara nggoleti Kakange sinarawedi sing jenenge Suhadi. Ning dudu Suhadi Tukang Cukur sing asring nulis nang Panjebar Semangat. Wis Pirang dasa warsa ora bisa sesambungan. Padha-padha kelangan lacak.
Limang dina tumekaning dina Lebaran taun siki dheweke tampa surat pos. Bareng wis genah surat mau kanggo Mas Sutrisno, ya Bapake bocah-bocah, nembe niliki alamat sing ngirimi, Jenenge Hadi Sumarto. Lengkap Er Te Er We lan nomer HP-ne. Mesthi baen Sulastri bingung. Durung tau kenal karo jeneng mau. Kalah cacak menang cacak amplop dibukak.
Assalamu 'alaikum wr. wb.
Lumantar layang iki inyong mung kirim kabar kewarasane wong sekeluwarga. Sing tek suwun sliramu sagotrah muga tansah pinaringan rahayu tan ana rubedaning urip.
Kejaba sekang kuwe, aja bingung inyong nganggo jeneng tuwa. Warisane mbah Buyut. Nalikane sepasarane dadi penganten, cara ndesa diwei jeneng tuwa. Cara kuwe mau wis dadi budaya ing padesan. Mula kanggo ngormati sing paring jeneng, sawise nang ndesa jeneng mau tek lestarekaken. Inyong ora ngira blas arep bisa ketemu maning karo kowe padha. Tujune kowe duwe ada-ada nulis nang Surat Pembaca nang Suara Merdeka, pas inyong maca nang nggone kanca. Gira-giru inyong terusgawe surat kiye. Neng kene ora bisa ngomong pirang pirang. Gampang nek wis padha ketemu baen.
Kaya mung semene dhingin kabar sekang Kakang. Tek arep-arep kowe maring nggone inyong Badan dina pindhone. Mbok menawa bocah-bocah sing nang paran padha bisa prei, nekketemu dadisemanger.
Adimulya tgl: 22 Oktober 2005
Wassalam
Hadi Sumarto.
Rampung nggone maca, luhe olihe ndrojos kaya kali banjir. Saking senenge arep ketemu karo Kakange sing bisa ngentas dheweke sekang jejember. Ngenteni bojone sekang BRI lagi njukut pensiunan dirasa suwe kaya nganteni matenge liwetan. Pikirane temlawung kelingan lelakon dhek semana. Isih padha kumpul. Kemliwer kaya casset vidio.
*
Awal taun sewidak lima. Sulastri ngumbara maring Jakarta. Melu Kang Karmo sing wis suwe urip nang kana. Ora ketang mung dadi tukang becak, nyatane bisa nyukupi keluwargane sing nang desa. Saben nem sasi sepisan tilik ngomah. Sekang critane Kang Karmo, Sulastri kepencut, nginthil melu Kang Karmo.
Apa sing dicritakena Kang Karmo kebukten. Sawijining bengi ana tamu nemoni Kang Karmo. Mbuh apa sing digunem. Mung keprungu guyone ger-geran Sulastri diceluk, Terus marani, nemoni.
"Kaya kiye Las, Pak Anton butuh rewang. Mula saiki kowe, wengi siki ndherek sisan. Gombale ditingkesi". Omonge Kang Karmo.
Mesthi baen Sulastri atine bombong banget. Ora dadi gawene Kang Karmo maning. Mlebu kamar ningkesi gombalane. Rampung terus metu. Ngetut mburi Pak Anton. Sulastri digondhol mobil. Kang Karmo mesem. Niliki amplop sekang Pak Anton. Lumayan nek mbecak nganti puluhan dina. Sulastri pikirane dadi goreh kok mlebu plataran Hotel? Apa Pak Anton sing duwe Hotel? Sulastri mung manut apa sing dikarepaken calon bendarane mau.
"Ya nang Hotel kene nggonku nginep. Sisan omahku. Aku isih bujangan: Padha karo kowe lagi ngumbara golet pangan. Mung beda carane. Kowe tugase mung ngladeni aku." kandhane Pak Anton sawise mlebu kamar.
"Kamar kula pundi Pak?" Ujare Sulastri.
"Ya kiye bareng. Peturone uga barengan. Mbok kepenak."
Krungu jawaban sing keri mau. Awake Sulastri mrinding. Keduten kabeh. Arep budi keprimen. Dhasare wis tengah wengi tur sapa sing arep bisa disambat. Ora liya mung pasrah. Wengi kuwe barang sing paling pengaji wis dimamah dening Pak Anton. Nganti ora emut, keturon. Ngerti-ngerti wis parak esuk. Awake krasa adhem. Jebul awak sakojur tanpa awer-awer. Nglegena kaya bligo. Terus tangi reresik awak senadyan isih krasa lungkrah. Pak Anton isih turu. Arep minggat. Nggoleti kunci lawang ora ketemu.
Sorene Sulastri dijak mubeng kota Jakarta. Maeme nang restoran. Ora mung kuwe, malah ditukokaken sandhangan kon milih dhewek. Sing ora ngerti ya nganggep bojone. Metu mlebu mobil dibukakaken lawange. Ora ngertiya mung trima dadi wadon simpenan. Nganti olih seminggu urip nang Hotel. Senajan Anton lunga, Sulastri wis cumbu. Apa maning Anton kandha jere arep dinikah barang.
Apa omonge Anton mleset satus wolung puluh drajat. Akhire dheweke malah dipasrahaken maring Bu Wasri sawijining germo klethekan. Kena diarani metu sekang kandhang baya, mlebu maring kandhang macan.
"Iki kamarmu ndhuk. Wis ngerti gaweyane ndhuk?" pitakone Bu Wasri.
"Dereng Bu." Lastri ethok-ethok ora ngerti.
"Kepenak kok ndhuk. Mung lumah-lumah olih upah. Tinimbang kerja nang sawah. Awak kesel dadi ireng kenang srengenge, upahemung pirang rupiah. Nang kene nek kowe pinter ngladeni tamune, kowe kebanjiran dhuwit. Nek Ibu mung trima sewane kamar lan enteke nggonmu maem." Kojahe Bu Wasri terus ninggalaken Sulastri.
Sulastri ngebrukaken awake nang peturon. Kelingan amplop sing diwehi nang Pak Anton. Dijukut nang tase, Amplop dibukak. Bareng weruh isine, mripate Sulastri mlolo kamitenggengen. Seminggu ngladeni Pak Anton nek embret matun apa tandur mbok menawa nganti pirang-pirang wulanan.
Lumakuning dina terus mrambat miturut garising kodrat. Anggone nglakoni urip ngana kuwe wis krasan. Sing maune krasa ngajok kejlomprong, siki umbaring esem lan renyahing guyone, bisa nekakaken rejekine. Bener apa sing dikandhakaken Bu Wasri. Jebul priya kuwe bodhone kaya kebo. Mung dikaya nganakaken baen lomane ora karuwan. Sulasti mung nurut apa karepe. Arep cara apa diadhepi. Mula tamune padha marem.
Wis pirang-pirang sore Sulastri bingung ngadhepi tamune sing nyalawadi. Lah wong teka nang warung ngonoan kok dijak "ngono" ra gelem. Malah nek ditari pamit lunga. Sing kaya ngana kuwe dadi pikirane Sulastri. Sepisanan teka mung kenalan. Dilendhoti kaya ora ngrewes, adhem ayem baen. Arep ditinggal eman ngganthenge. Pindho ping telu tekane mung andon medang. Jere nek wis nyawang dheweke atine w's tentrem njur pamit bali.
Wengi candhake, sawise gawe wedang klangenane, tangane terus diglandhang digawa mlebu kamare. Sulastri arep nanting apa karepe. Dipilalahi nolak langganane.
"Mas Di. Jane kersane primen sih? Nek wong penginyongan biasane mbokan cablaka. Njenengan deneng gawe bingungku Mas." pandheseke Lastri.
"Okh....perkarane mung merga kowe ki sedhaerah karo aku. Krungu critamu nggone kesasar ing panggonan iki aku dadi krasa ngawak. Ora rila. Mula yen kowe gelem leren, melu aku mangan ora mangan."
Krungu jawaban mau. Sulastri bayune kaya dilolosi. Ing cipta ora mudheng. Isih ana manungsa sing duwe welas maring sepadha-padha. Apa maning Jakarta, buktine Anton lan Kang Karmo sing isih sedesa baen kolu ngedol awake. Apa dheweke Suhadi wantah apa sawijining Malaikat kang ngeja wantah?
"Primen dhik Lastri kok meneng baen". Apa abot ninggal papan iki? Kepenak? Krungu jawaban mau, Sulastri ora bisa kumecap.
Malah ngglongsor ngrukebi sikile Suhadi. Karo nangis sesengrukan. Sidane wengi iku uga Sulastri pamit karo Bu Warsi. Kanthi pawadan arep dipet bojo dening Mas Suhadi. Bu Wasri ora bisa menging. Apa maning sing nggawa Lastri sawijining aparat. Bu Warsi wis paham maring aparat sing sok teka ing warung istimewane. Kanca-kancane sing dipamiti padha rerangkulan, tetangisan. Senadyan kala-kala sok padha rebutan bener. Yen dhong salah paham Sulastri trima ngalah. Mula liggare sekang warunge Bu Warsi rumangsa padha kelangan.
*
Tekan asrama Sulastri dititipakan nang nggone Pak Jiman, pegawe sipil bageyan masak ya anak buahe Suhadi. Pak Jiman lan bojone atine melu trenyuh bareng dicritani apa anane Sulastri. Wong sakloron netrane dadi mata yuyunen. Sebanjure kon melu rewang-rewang bareng Pak Jiman. Sing jenenge sradhadhu bujangan, weruh cah wadon klimis, kaya tawon weruh kembang. Mula nggone Pak Jiman tamune remaja gilir gumanti. Kabeh nduweni karep padha, mikat Sulastri. Witing tresna jalaran saka kulina kuwe parikan sing lumrah ana jagading katresnan. Sing ketiban pulung Pratu Sutrisno. Lan wis dililani dening Kakang sinarawedi ya Mas Suhadi. Sebanjure dadi jatukramane.
Akhiring sasi September taun nem lima. Jakarta kinemulan mendhung angendanu. Geger anane kabar Dewan Jendral njongkeng kelanggahane Bung Karno. Sing bisa nylametaken jiwane Bung Karno jere Kolonel Untung. Wis sebenere wong Kol. Untung Komandan Yon I Kawal Kehormatan Resimen Cakrabirawa. Nanging kabar mau mung sakedheping netra. Jebule sing gawe ontran-ortran mau Partai Komunis Indonesia. Kol Untung minangka begundhale, mlesat ngirid balane se Kompi. Merjaya para Jendral antarane Jendral A. Yani, S. Parman lan liya-liyane ana nem. Siji Kapten Piere Tendean pengawale Jendral AH Nasution sing lolos saka wengise PKI. Sing dadi korban putra putrine Ade Irma Nasution. Ya sekang peristiwa mau Pasukan Cakrabirawa khusus TNI/AD Yon I melu dadi korban. Ana paribasan perek kebo gupak kecepretan. Sawise dianakaken penelitian utawa skrining, pungkasane sing ora ana tandha-tandha kelibat, dipindhah. Dipencar-pencar ana sing nang Aceh, Palembang, Kalimantan. Bojone Sulastri tiba neng Kalimantan, dene Kakange neng Aceh. Saploke kuwe sesambungane pedhot dhot. Lha wong bareng tekan kana isih dipencar-pencar, mbokmenawa isih ana rasa curiga.
*
"Deneng nglamun Jeng. Ana wong mlebu kok dijorna baen." Swarane bojone sing nembe teka sekang BRI, gawe casset vidione buyar.
"Kiye Mas layang sekang Mas Suhadi teka."
Ora sranta layang disaut. Terus diwaca. Senadyan tilas saradhadhu suprandene mripate kaca-kaca maca layang mau.
"Alhamdulillah Jeng. Wis tekan titi mangsane. Cara lakon nang pakeliran wayang purwa wis ngancik gagat raina. Tinutup kanthi wecaning lakon pinanggih tata tentrem rahayu kang tinemu. Jane nek dhewek kit ganu ngerti asmane sepuhe, wis bisa ketemu ya Jeng. Jebul Mas Hadi senadyan pengarang cilik, ning karyane kadhang kala bisa nembus blabar kawate Redaksi Panjebar Semangat. Ing rubrik Sing Lucu, Alaming Lelembut, Urun rembug bab wayang kulit lan cercak. Sing mandan sering tah Sing Lucu. Primen sebanjure Jeng."
"Mbok dhewek wis kangen Mas. Ya ayo ngesuk diperlokaken sowan." Ujare Lastri wis ora sranta.
"Aku setuju ning aja ngesuk lah. Lebarane mbok wis kari pirang dina maning. Karodene bocah-bocah urung padha teka. Yen karo anak putu dadi semanger mbokan Jeng."
Rencana sing wis mateng bisa kaleksanan. Liwat HP Sulastri ngabari Kakange, yen sowane Badan rong dinane. Lan pesen Mbakyune ora susah repot-repot masak. Pokoke tekane wis sangu pangan secukupe. Mula wiwit awan wong saomah padha rerigen gotong royong. Sulastri karo anake wadon masak-masak. Sing lanang ngresiki Angdese mbok nganti mogok nang dalan. Lumayan nggo sangu pensiun Sutrisno melu kridit Angdes olih telu. Pokoke holopis kuntul baris. Gotong royong kudu diwiwiti sekang keluwarga. Ana bat repot disangga bebarengan. Sumrambah neng lingkungan jembare tekan saindenging Nuswantara. Mahanani urip ayem tentrem, adoh saka laku gendhak sikara. Sapa sira sapa ingsun, asu gede menang kerahe. Gawe papan cintrakaning liyan. Ana perkara dirembug. Ora banjur dolanen BOM ing sadhengah papan. Wong sing ora ngerti apa-apa melu nandhang sengsara, nganti ana sing nemahi pralaya. Mbok padha eling lha wong Pamane Kanjeng Nabi SAW baen tumekaning mati ya ora gelem Iman. Tur langsung dingendikani Nabi SAW. Kaya dhewek kiye mbok wis patbelas abad, sing mun ngerti Kanjeng Nabi ana ing Al Qur'an. Yen tresna Nabi SAW, mesthine ora kudu nganggo kekejeman. Bangsa Indonesia sing kewentar ramah, siki diregedi dening teror Bom, Ketone dadi bangsa sing bringas, ora ngerti marang pri kamanungsan.
Sing arep kedhayohan uga padha rerigen. Ora ketang mung gawe wedang. Dina keng diarep-arep wis tekan. Badan rong dinane. Ing omahe Suhadi wis katon regeng. Wong nunggu kuwe, pancen mboseni. Nunggu adhi sinarawedi kang wis patang dasa warsa ora ketemu, kaya dene wong nunggu tekane besan. Hp-ne terus moni. Lakune rombongan tamu terus dipandu liwat HP. Mobil angdes mlebu plataran. Sing methuk pating brubul. Semana uga tamune kaya laron metu sekang lenge. Sulastri ora sabar mbradhat nggapyuk ngrangkul Kakange. Rasa kangen kababar kanthi suka pari suka ketemuning Kakang karo adhi sinarawedi, dalah anak putu.
**

AKU DURUNG KALAH


AKU DURUNG KALAH
NGADEG neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit.
Mung siji kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sak wise nyambut gawe sedina ngrampungake tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela mesti bakal keprungu swara mbrenginging saka dalan ngarep omah ning komplek perumahanku. Pak Wiryo. Bakul puthu bumbung nyurung grobage, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan ngarep omahku mesti mandheg karo cluluk "Puthu Mas " Aku banjur mbukak pager, mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak Wiryo uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku puthu bumbung.
Pak Wiryo padha karo aku. Padha-padha wong sing nyoba golek panguripan ing kutha kene, sing jarene nggon duwit. Mung bedane, aku bisa tuku omah, duwe rodha papat gaweyan Jepang modhel sing paling keri dhewe, nyambut gawe ning kantor sing ruwangane adhem.
Pak Wiryo crita, yen omahe ana ing mburi lapangan golf. Saben esuk lan sore nalika mangkat lan mulih saka kantor aku mesthi ngliwati tugu gedhe. Ngisor tugu kuwi ana dalan sing dawane watara rong kilonan tumuju menyang lapangan golf. Aku pancen durung nate weruh. Nanging aku bisa mengerteni yen omahe Pak Wiryo mesthi sawijining kampung nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa diselaki yen panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen digarap dening investor. Kompleks sandhinge panggonane Pak Wiryo wis digusur arep kanggo ngambakna lapangan golf. Wong-wong diwenehi ganti rugi sak cukupe (jenenge wae ganti rugi, mesti ya sak cukupe). Coba yen jenenge diganti 'ganti untung'. Mula akeh wong-wong kampung kana sing ora sarujuk karo pembebasan tanah kuwi.
"Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna Pak?" Pak Wiryo mung mesem krungu pitakonku, sajake wis ngerti apa karepku. Aku mbacutake takon maneh.
"Lah yen lapangane diambakna, terus kampunge sampeyan digusur piye Pak?"
"Nggih kersane napa ingkang kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih pindah, wong pancen mboten gadhahane."
Pak Wiryo terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing mung kari siji ning tanganku. Aku gumun dene Pak Wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa alus. Mangka Pak Wiryo umure ora beda adoh saka bapakku Nalika aku pisanan tuku puthu banjur dadi langganan, Pak Wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus. Karepku mono ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku kudu ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.
"Panjenengan niku lho Mas, wong priyayi ageng kok ndadak basa lho kalih kula."
Oalah, donya kuwi jebule pancen isih mbedakna drajat, pangkat lan donya. Mula saka kuwi aku duwe panemu yen aku klebu wong begja. Lair ning kluwarga sing ana lan bisa ngrasakna kamukten urip. Sanajan ora nganti sugih mblegedhu, nanging sakora-orane yen kepengin apa-apa bisa keturutan.
Nanging wong sing kaya Pak Wiryo, menawa biyen bisa milih, mesti ora kepengin lair neng donya dadi wong sing kudu nyambung urip kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan kuwi gelem ora gelem kudu diadhepi.
Sejatine miturut panemuku, mbuh kuwi bener mbuh ora, kasunyatan sing kaya ngana kuwi wis digarisna dening sing Maha Kuwasa supaya urip ing donya bisa laras. Sing gedhe nulung sing cilik, sing kuwat mbiyantu sing ora kuwat. Nanging kaya apa sing kedadeyan? Ing jaman saiki sing dumadi, sing gedhe mangan sing cilik. Sing kuwat ngidak-idak sing kesrakaat. Donya, pangkat lan drajat sing dadi ukuraning urip.
Pak Wiryo, lan wong-wong sing manggon ning mburi lapangan golf sing kudu minggir amarga dianggep ora ana maneh nilai ekonomise kanggo pembangunan kutha. Nanging wong kaya Pak Wiryo arep ngapa? Bisa apa? Ora ana sing dinggo ngomong sora nalika ganti rugi sing ditampa kuwi, ajine ora sepiraa.
"Pak, wong puthune sampeyan enak. Piye yen tak silihi modhal, terus gawe home industri, puthune diwenehi cap terus didol nyang supermarket?"
"Wah, mangke yen kula mboten ider mriki malih, njenengan kangelan ndadak pados puthu teng supermarket," Pak Wiryo ngguyu latah-latah.
"Kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok Mas. Sing penting saged damel urip lan nyekolahke anak. Wong kula niku nggih mboten gadhah warisan napa-napa kangge anak kula. Sak mboten-botene, nek kula dadi bakul puthu, anake kula nggih sampun ngantos kados bapake."
Biyen aku nate nawani Pak Wiryo, supaya anake nyambutgawe neng pabrik nggonku. Kebeneran nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar. Aku malah ngomong yen anake mesti ditampa, awit sing nggawa aku. Ora usah gawe lamaran. Karepku nulung Pak Wiryo, tinimbang anake nganggur.
"Golek gaweyan saiki angel lho Pak."
"Wong tiyange tesih sekolah kok Mas."
"Rak wis lulus SMA ta?"
"Lha nyuwun kuliah niku Mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa... niku, skripsi napa,... Duka napa jenenge. Pokoke mpun meh rampung...kantun setunggal niku." Skripsi? Anake Pak Wiryo kuliah? Apa kuwat Pak Wiryo nguliahake anake? Kuwi mung tak batin wae. Kuwatir yen Pak Wiryo mengko tersinggung.
Wis meh rong minggu iki ora keprungu swara mbrenginging, saka grobag puthune Pak Wiryo. Aku ora ngerti kena apa Pak Wiryo ora katon liwat ning dalan ngarep omahku. Apa Pak Wiryo lara? Apa omahe digusur? Kaya ana sing kongkon, aku noleh kiwa dalan.
Sore kuwi aku nembe mulih saka kantor. Aku ngerem mobil ndadak. Ora maelu kendaraan-kendaraan ning mburiku sing padha ngunekna klakson. Stir dak buwang mengiwa menggok mlebu ning jurusan lapangan golf. Ning sawijining gang aku mandeg. Kepeksa mudhun saka mobil awit dalane ora bisa diliwati mobil. Aku mlaku saurute pager sisih njaba lapangan golf sing durung rampung digarap kuwi.
Aku yakin, dalan kuwi sing saben dina diliwati Pak Wiryo. Nyawang mengarep. Rodha-rodha traktor nggiles ngratakna lemah. Akeh wong nganggo helm kuning. Ning panggonan liya, ora adoh saka kana, ana wong-wong padha nglumpukna kayu-kayu tilas omah, seng lan barang-barang liyane sing isih bisa dienggo. Aku ora ngerti apa wong-owong kuwi sing duwe omah sing digusur apa mung pemulung sing nggoleki barang-barang tilas. Sing tak ngerteni, kampung kuwi wis rata karo lemah. Lan omahe Pak Wiryo mesti klebu salah sijine omah sing dadi mangsane buldoser.
Srengenge manglung mengulon. Alon-alon aku ninggalake papan panggonan kana. Perusahaanku ya duwe buldoser kaya ngana kuwi.
Kelingan karo Pak Wiryo, karo wong-wong sing mung bisa nyawang omahe diratakna karo lemah. Wong-wong sing kalah dening ukeling jaman. Kalah karo panguwasane dhuwit. Wong-wong sing kanggo tumbal modernisasi lan kapitalisme. Apa kemajuwan jaman kudu mesti ana sing dikurbanake? Aku kelingan, atasanku wingi uga ngomong, yen sawah mburi pabrik duweke penduduk wis dibebaske arep dinggo mbangun unit anyar.
Srengenge mbranang ing langit sisih kulon. Manuk-manuk mulih menyang susuhe. Cagak-cagak listrik, gedhung-gedhung tingkat njenggereng mandeng langit. Layangane bocah-bocah cilik jogedan sajak ngece. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg neng ngarep omah. Nanging wis ora ana maneh swarane mbrenginging saka grobage Pak Wiryo. Wingi aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake menyang Batam. Anak sing nate tak tawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah. Cumclaude! Dheweke dijaluk sawijining perusahaan Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing nate diomongna Pak Wiryo: "Yen nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas, kula dereng kalah...."(*)

SINDHEN


SINDHEN
MANGKELING mangkel, ora kaya wong lagi pegel. Gelaning gela, ora kaya diblenjani tresna. Ora perduli bagus apa elek, ora perduli pinter apa bodho, Kabeh sami mawon. Jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon. Mengkono uga Anjasmara. Mripate kelop-kelop, nyawang eternit sing ana ndhuwure peturone. Jane arep nyawang usuk, ning kaling-kalingan eternit. Dadi sing disawang mung eternit. Kang gambarane endah edi, kaya ukir-ukiran. Dhek wingi yen disawang katon edi peni, ning saiki kok ora. Dhek emben sawangane nggemesake ati, ning saiki kok mboseni. Anjasmara melek ora turu nanging atine bingung uleng-ulengan. Kepiye anggone ora, nduwe pacar siji wae nglungani ati."Njas Anjas, aja ndongang-ndongong kaya sapi ompong. Kae kanca-kanca wis padha nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak ana dhipan wae," swarane Sumani keprungu saka walike lawang kamar."Sapa....?" pitakone Anjas sakena-ne."Kae pacarmu barang wis dha ngenteni ana ndhapa," Sumani nerangake.
Krungu wangsulane Sumani ngono mau, Anjasmara gregah tangi. Pacare teka, edan ane. Perlu diaturake ing kene sing jenenge Anjasmara kuwi dudu Anjasmara ari mami jaman Menakjingga lan Damarwulan. Yen jaman Menakjingga, Anjasmara kuwi ayu kinyis-kinyis, eseme pait madu. Ning yen Anjasmara jaman komputer iki eseme ya nggregetake, ning yen sing nyawang kuwi wanita. Mula ora maido sakploke dheweke nggabung Orkes Campursari "Nyidham Sari" akeh wanita sing kapiluyu nyawang tukang ngendhang siji iki. Tujune dheweke wis dikondhangake pacaran karo penyanyine, sing jenenge Wulandari. Mula akeh wanita penontone campursari sing padha ngeses. Bejamu Lan, Wulan. Duwe pacar wae kok dhe-gus, gedhe tur bagus. Ya wis begjane Wulandari, nduwe hyang wae baguse setengah mati tur dhasare tunggal sak kuliahan, ing Sekolah Tinggi Seni Indonesia ing kutha Sala. Ya ora maido, sing jenenge Wulandari kuwi ayune tumpuk undhung. Baut njoged, pinter nyanyi campursari. Ya ora maido yen Anjasmara gandrung lan gandheng karo Wulandari. Tumbu entuk tutup. Sing lanang bagus, sing putri ayu. Sing lanang tukang ngendhang sing putri baut nembang.
Mula bareng Sumani mbengoki, Anjasmara tangi gregah, nguceg-uceg mripate, banjur mudhun saka peturon. Nyedhaki Sumani karo takon bisik-bisik, "Wulandari melu mapag mrene?"Sumani mangsuli alon: "Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwantara kana, karo bojone. Apa gunane ngenteni kowe, jaka tukang ngendhang, entuke job mung kala-kala. Luwih becik karo bojone sing anggota DPR. Blanjane tetep. Ora kaya kowe Njas, panji klathung, blanjane wae durung, yen turu njingkrung."
"Lha kok kowe kandha pacarku mrene?" celathune Anjasmoro karo mrengut."Lha pacarmu kuwi pira?" Sumani njegeges. "Kae....Nanik ya teka. Jare pacarmu serep?""Edan kowe," tembunge Anjasmara karo njotos lengene Sumani."Nik....Nanik, iki lho Anjas lagi tangi. Gereten metu." Sumani mbengok"Mas piye, kendharaane wis siap?" pitakone Nanik karo marani kamare Anjasmara."Wis beres," wansulane Anjasmara alon."Beres beres, paling sing golek kendharaan ya aku," Sumani melu nyaut senajan ora ditakoni."Ngono-ngono rak uga kanggo kepentingan kanca dhewe ta mas?" celathune Nanik karo tumuju kamare Anjas."He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan," pembengoke Sumani."Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendaraan wae, tak dandan dhisik," celathune Anjasmara karo mlebu kamar maneh. Kanca-kancane padha munggah kendharaan. Tujuwane arep tanggapan menyang Purwantara, dhaerah kang mapan ana sawetane Wonogiri."Bangku sandhinge Nanik aja dienggoni lo, sudah dipesan. Mau dipakai Anjas," Sumani mbengok karo ngguyu. Liyanene melu ngguyu. Nanik mung mesem manis. Anjasmara ora isan-isin trus lungguh sandhinge Nanik.
"Kanca-kanca, minangka kancane Nanik aku matur nuwun dene dhek wingi wis padha rawuh ngestreni slametan neng Nanik," swarane Sumani ing sela-selane swara mesin kendharaan.
Nanik mencep, liyane ngguyu nyekakak, merga ngerti yen Sumani tukang gojeg. Anjas nyikut Nanik karo celathu,"Ora sah digagas, ben muni sak unine cangkeme.""Lha dhek emben kuwi Nanik rak syukuran, merga Anjas karo Wulan wis putus. Lha calone Anjas rak kembali ke Nanik," Sumani isih nrocos karo ngguyu.Liyane padha ngguyu ger-geran. Jan jane Nanik kuwi ora nganakake syukuran. Kuwi mung guyone Sumani wae.Sakdalan-dalan kanca-kanca Campursari padha cekakakan. Mung Anjas sing kelangan guyu. Dheweke mung mesam-mesem cilik nadyan semu kepeksa."Nik...mengko aja nyanyi "Wuyung" Utawa "Weke Sapa", ndhak Anjas ora bisa ngendhang," tembunge Sumani karo isih mbebeda.Anjas nyikut bangkekane Nanik karo kandha lirih, "Ora sah kok tanggapi. Mengko yen kesel rak meneng dhewe cangkeme kuwi."Lagi mingkem lambene Anjas, hand phone sing ana kanthongane muni. Nanik sing ngandhani. "Tilpun mas."Anjasmara meneng wae terus ngrogoh sak-e, HP ditempelake kupinge. Nanik meneng tanggap sasmita."Halo, okey boss, bener aku tiga-tiga," Anjas mangsuli liwat HP ne.
"Anu....piye boss? Iki aku ana perjalanan. Nyang Purwantara dhaerah Wonogiri. Bener, aku bareng-bareng njagong nyang omahe Wulandari." Meneng sedhela sajaKe ngrungokake sing nilpun. Let sedhela wis sumaur: "Iki aku jejer dhik Nanik. Iya...tidak ada rahasia. Lha terus leh nangkep kapan? Yen cathetanku wis komplit boss, taksimpen ana disket, taktengeri RHS. Iya, isih ana kantor. Wis ya bengi iki mengko bubar main Campursari aku bali, tak njujug omahmu boss." HP dipateni terus dikanthongi.Sumani sing lungguhe ora adoh mbengok, "Edan Njas, lunga nyang Purwantara, sambene ndhempel pacare, isih ketambahan ditilpun boss-e. Mesthi entuk job sing penting".Anjas meneng wae karo mesem. Nanik sing nrenjel takon: "Ana apata mas, boss-e?""Biasa, kabar gaweyan. Aku dikon bali, penting," jawabe Anjasmara."Lha kok isih semaya?" pitakone Nanik."Wis kadhung jejer cah ayu kok dipisahke. Ya emoh ta?" wangsulane Anjasnggodha. Sing digodha njiwit lengene Anjas. Jane ya lara, ning wong sing njiwit bocah ayu ya nggleges wae.
"Tutugna leh jiwit-jiwitan," pambengoke Sumani. "Kancane uyel-uyelan kaya ngene, kono mat-matan sakepenake dhewe," Krungu celathune Sumani mau kabeh dha ngguyu mak gerr, nanging Anjas karo Nanik meneng wae. Nanik nutupi pipine sing abang merga isin, Anjas isih gawang-gawang swarane boss-e mau. Kabar seneng nanging uga gela. Seneng merga boss-e ngabari, yen Rudy Pancadnyana, anggota DPR calone Wulandari, saiki wis ditangkep polisi, jalaran nylewengake dhuwit APBN. Sing mbongkar pokale Rudy kuwi klebu Anjasmara sing uga wartawan ing kutha Sala. Malah laporan penting ana disket-e Anjas ing kantor. Mula yen dina iki mengko boss-e nemokake diskete, ora wurunga Rudy ora bisa endha maneh. Durung yen ketambahan interogasine polisi.
Sing dibingungake Anjasmara, nasibe sing repot. Yen Rudy ditangkep polisi, mangka bengi iki uga dheweke kudu menyang Purwantara nglamar Wulandari, wis mesthi gagal, ora sida. Sing untung Anjas. Nanging kabeh wong padha mangerti menawa ditangkepe Rudy, merga laporan ing korane Anjas. Pikire wong-wong mesthi iki trekahe Anjas anggone berjuang ngrebut Wulandari. Paling ora, wong sak Orkes "Nyidham Sari" padha mangerti persaingan Anjas karo Rudy rebutan sindhen Campursari. Durung pikiran liya. Yen dheweke balen karo Wulandari, lha njur Nanik piye? Loro-lorone sindhen Campursari. Ayune padha, padha dene leh uleng-ulengan. Anjas ngeses-ngeses karo gedrug-gedrug."Ana apa ta mas?" pitakone Nanik alon, karo mesem.Anjas mung mengo karo nggleges:"Pipimu kuwi lho, yen mesem dhekik nggregetne," celathune sakecekele wae timbang ora mangsuli."Ah.... mas Anjas," Nanik mbales karo njiwit lengen.Sing dijiwit isih bingung.*CUTHEL

Cerita Rakyat Jawa Tengah: Terjadinya Kota Magelang


Cerita Rakyat Jawa Tengah: Terjadinya Kota Magelang

Dahulu kala Kerajaan Pajang dengan rajanya bernama Sultan Hadiwijaya. Sedang Kadipaten Jipang dipimpin olah Arya Penangsang. Kedua tokoh tersebut saling berselisih. Arya Penangsang dikenal sebagai orang yang sombong, karena keampuhannya.
Perselisihan kedua tokoh tersebut mengakibatkan perang sehingga banyak korban berjatuhan dari kedua daerah.
Saat pertempuran itu terjadi, Hadiwijaya memberi kepercayaan kepada Danang Sutawijaya sebagai panglima perang. Danang Sutawijaya adalah anak angkat Sultan Hadiwijaya. Danang sebagai senopati perang didampingi oleh Ki Gede Pemanahan.
Dengan semangat yang tinggi dan bekal senjata tombak Kyai Pleret, mereka berdua pergi melaksanakan perintah Sultan Hadiwijaya ke medan perang. Mereka beserta rombongan agar selamat dalam medan perang, dianjurkan tidak melalui sungai atau menyeberangi sungai. Karena kelemahan mereka terdapat pada air atau sungai, yang dapat mengakibatkan kekalahan.

Ketika peperangan terjadi, Arya Penangsang tewas oleh Danang Sutawijaya dengan tombak Kyai Pleret. Dengan tewasnya Arya Penangsang anak buahnya menjadi kalang kabut. Maka menanglah pihak Danang Sutawijaya.
Sutawijaya didampingi Ki Gede Pemanahan beserta seluruh pasukannya kembali ke Pajang dengan membawa kemenangan.
Gembiralah hati Sultan Hadiwijaya mendengar laporan kemenangan dari Sutawijaya.
Sebagai balas jasa, atas keberhasilan Sutawijaya, maka Sultan menghadiahkan tanah di daerah hutan Mentoak kepada mereka berdua.
Sejak saat itu Sutawijaya dan Ki Gede Pemanahan mulai mengubah hutan Mentoak dan membangunnya menjadi sebuah kerajaan. Maka berdirilah kerajaan Mataram. Dengan rajanya Danang Sutawijaya yang bergelar Panembahan Senopati.
Kerajaan Mataran di bawah pemerintahan Panembahan Senopati menjadi sebuah kerajaan besar yang mempunyai pengaruh luas.
Kemudian muncullah niat Penembahan Senopati untuk memperluas wilayah kerajaan.
Untuk mencapai tujuan tersebut, Panembahan Senopati minta pendapat kepada Ki Gede Pemanahan. Nasihat yang diberikan Ki Gede Pemanahan yaitu memperkuat bala tentaranya sehingga dapat digerakkan untuk menaklukkan wilayah bagian lain.
Langkah pertama yang ditempuh yaitu membuka daerah membuka daerah hutan di Kedu. Konon Hutan Kedu tersebut masih merupakan semak belukar yang masih angker. Karena tempat tersebut tidak pernah dikunjungi manusia.
Menurut kepercayaan masyarakat setemppat, Hutan Kedu itu merupakan kerajaan Jin dengan rajanya bernama Jin Sepanjang.
Untuk menghadapi segala kemungkinan, maka ditunjuknya Pangeran Purbaya sebagai Senopati perang.
Hari yang ditentukan telah tiba untuk membuka hutan Kedu. Pangeran Purbaya beserta rombongan dengan membawa pusaka kerajaan Mataram, untuk membuka hutan Kedu.
Tatkala hutan Kedu mulai dibuka, dan masuklah bala tentara Mataram untuk mengobrak-abrik hutan tersebut murkalah raja Jin Sepanjang. Raja Jin Sepanjang memerintahkan pasukannya untuk menggempur bala tentara pimpinan Pangeran Purbaya.
Maka terjadilah pertempuran hebat antara pasukan kerajaan Mataram melawan pasukan kerajaan Jin. Akhirnya bala tentara Jin terpukul mundur. Raja Jin Sepanjang melarikan diri dan lolos dari kepungan pasukan Mataram.
Desa hutan Kedu yang sudah dapat dikuasai olah pasukan Mataram, sebagai desa yang indah pemandangannya, subur tanhnya, dan damai penduduknya.
Dalam desa tersebut hiduplah seorang petani bernama Kyai Keramat dan istrinya bernama Nyai Bogem. Sedangkan anaknya bernama Rara Rambat. Rara Rambat sebagai seorang gadis yang rupawan. Mereka bertiga hidup tenteram di desa tersebut.
Pada suatu hari Rara Rambat dan pengasuhnya mencari dedaunan dan berbagai bunga di sepanjang jalan hutan, untuk dijadikan obat-obatan. Karena asyiknya, mereka ttak menyadari bajwa di hadapannya telah berdiri seorang pemuda tampan. Rara Rambat dan pengasuhnya terkejut, bahwa di depannya ada seorang pemuda. Jejaka itu pendamping Pangeran Purbaya. Ia tertinggal oleh pasukan bala tentara Mataram tatkala menyerang bala tentara jin.
Terjadilah dialog antara kedua remaja tersebut. Bertanyalah jejaka tersebut: “Siapakah engkau ini berdua di dalam hutan?” Jawab Rara Rambat: “Aku adalah Rara Rambat, rumahku ada di dalam hutan ini.” Berkatalah jejaka tersebut: “Aku adalah Raden Kuing, anggota pasukan bala tentara Mataram.” Semenjak percakapan itu, Raden Kuning terpikat oleh kecantikan Rara Rambat. Kemudian diungkapkannya isi hati Raden Kuning kepada Rara Rambat. Mendengar ucapan Raden Kuning, malu hati Rara Rambat.
Larilah Rara Rambat menuju rumahnya. Peristiwa tersebut diceritakan kepada orang tuanya yaitu Kyai Keramat dan Nyai Bogem. Kedua orang tuanya gembira sekali mendengar kejadian yang diceritakan anaknya.
Melihat Rara Rambat lari meninggalkannya, Raden Kuning mengikuti dari belakang. Sampailah Raden Kuning di rumah orang tua Rara Rambat.
Waktu bertemu dengan orang tua Rara Rambat, mereka saling memperkenalkan diri. Tak lama kemudian, Raden Kuning meyatakan maksudnya untuk meminang Rara Rambar. Orang tua Rara Rambat senang sekali mendengar maksud Raden Kuning untuk meminang anaknya. Mereka sangat gembira akan mempunyai menantu seorang pangeran dari Kerajaan Mataram.
Sesudah pernikahan dilangsungkan Mataram berhasil memporak-porandakan kerajaan Jin yang bersemayam di Hutan Kedu. Raja Jin Sepanjang berusaha membalas dendam. Dicarinya jalan bagaimana ia dapat menggempur pasukan kerajaan Mataram.
Raja Jin Sepanjang mempunyai cara dengan menyamar sebagai manusia dengan nama Sonta.
Sonta pergi ke rumah Kyai Keramat untuk dapat mengabdi kepadanya. Tentu saja Kyai Keramat menerimanya. Ia tidak melihat sikap keangkuhan Sonta. Dan juga tidak diketahuinya bahwa Sonta itu jelmaan Jin.
Senang hati Sonta dikabulkan permintaannya. Niat jahat Sonta untuk membalas dendam mulai dilaksanakan. Dengan kesaktiannya, ia menyebarkan penyakit, sehingga muncullah wabah di desa tersebut. Kesengsaraan rakyat di desa itu tak terperikan, juga menimpa pasukan Mataram. Banyak penduduk menjadi sedih dan meninggal. Bahkan pasukan tentara Mataram banyak yang meninggal dunia karena terserang wabah.
Akhirnya malapetaka yang melanda pedesaan tersebut diketahui juga oleh Pangeran Purbaya. Gelisahlah hari Pangeran Purbaya. Maka melaporlah Pangeran Purbaya kepada Panembahan Senopati.
Setelah mendengar laporan dari Pangeran Purbaya, Panembahan Senopati meninggalkan singgasana menuju ke kamar pertapaannya. Di tempat tersebut Panembahan Senopati mengadakan kontak dengan Nyai Roro Kidul dan minta nasihat apa yang perlu dilakukan setelah terjadi malapetaka di desa tersebut.
Sesudah selesai bertapa, keluarlah Panembahan Senopati menyampaikan nasihat yang diterima dari Nyai Roro Kidul kepada Pangeran Purbaya.
Pada waktu itu Sonta sedang menikmati balas dendamnya dengan senang hati. Sonta merasa gembira karena telah berhasil menyengsarakan pasukan Mataram dari penduduk desa tersebut. Bagi Kyai Keramat yang lagi menikmati istirahatnya, agak terkejut melihat Pangeran Purbaya beserta pengiringnya datang di rumahnya. Pangeran Purbaya memberitahukan bahwa kedatangannya ialah bermaksud memberi tahu bahwa pembuat malapetaka di desa itu adalah Sonta, abdi Kyai Keramat. Tentu saja Kyai Keramat gugup mendengar pemberitahuan dari Pengeran Purbaya. Menurut Kyai Keramat, Sonta itu seorang abdi yang lugu, yang tidak mempunyai keistimewaan.
Mendengar pembicaraan Pangeran Purbaya dengan Kyai Keramat tersebut, Sonta lari meninggalkan rumah Kyai Keramat. Kepergian Sonta itu diketahui Kyai Keramat dari bayang-bayang Sonta. Dikejarnya Sonta. Sesampai di suatu tempat terjadilah adu kekuatan antara Sonta dan Kyai Keramat. Ternyata Sonta itu penyamaran dari Jin Sepanjang. Dan Sonta lebih sakti daripada Kyai Keramat. Maka tewaslah Kyai Keramat. Sedang Raja Jin Sepanjang atau Sonta kabur meninggalkan tempat itu.
Pangeran Purbaya mengetahui perkelahian antara dua orang sakti tersebut, tidak dapat mencegahnya. Akhirnya jenazah Kyai Keramat dimakamkan di tempat perkelahian itu. Dan tempat tersebut sampai sekarang dinamai Desa Keramat.
Nyai Bogem melihat mayat suaminya, marahlah ia mengejar Sonta yang melarikan diri ke arah timur.
Ternyata Nyai Bogem dapat mengejar Sonta di suatu tempat. Terjadilah pertempuran antara Sonta dan Nyai Bogem. Karena kesaktian Sonta yang tidak tertandingi, tewaslah Nyai Bogem.
Pangeran Purbaya memerintahkan agar mayat Nyai Bogem dimakamkan di tempat pertempuran itu. Sampai sekarang tempat tersebut dinamai Desa Bogeman.
Melihat peristiwa beruntun, yaitu kematian Kyai Keramat dan Nyai Bogem maka Pangeran Purbaya memerintahkan Tumenggung Mertoyuda untuk membinasakan Sonta. Dalam pertempuran antara Sonta dan Tumenggung Mertoyuda, ternyata Sontalah yang unggul dalam pertempuran tersebut. Tewaslah Tumenggung Mertoyuda. Kemudian Pangeran Purbaya, memerintahkan agar jenazah Mertoyuda dimakamkan di tempat pertempuran tersebut. Maka desa tersebut dinamai Mertoyuda.
Kematian demi kematian terjadi, sampai Tumenggung Mertoyuda bernasib naas di tangan Sonta. Hal itu membuat perasaan Raden Krincing tersinggung sebagai salah satu Senopati andalah kerajaan Mataram. Raden Krincing bersikeras ingin membinasakan Sonta. Pertempuran terjadi, Sonta tidak dapat dikalahkan. Tewaslah Raden Krincing.
Pangeran Purbaya sedih hatinya melihat kejadian tersebut. Untuk mengenang jasa Raden Krincing, Pangeran Purbaya memerintahkan jenazahnya dimakamkan di tempat itu. Dan tempat tersebut dinamai Desa Krincing hingga kini.
Berbagai kejadian yang dialami dan dilihat Pangeram Purbaya, membuat Pangeran Purbaya marah besar. Kemudian Pangeran Purbaya memerintahkan pasukannya untuk membinasakan Sonta.
Dengan segala kekuatan, Sonta terus menghindar masuk dalam hutan. Meskipun Sonta menghindar, pasukan Mataram terus melacaknya.
Dengan menakjubkan Pangeran Purbaya bisa melihat Sonta dari ketinggian pohon besar. Dihajarnya Sonta hingga jajtuh terjerembab ke tanah. Pertempuran hebat terjadi. Ternyata Pangeran Purbaya memiliki kesaktian yang lebih hebat dari Sonta. Tatkala Sonta tewas, kemudian menjelma kembali menjadi Raja Jin Sepanjang. Oleh Pangeran Purbaya, daerah pertempuran itu dinamakan Desa Santan.
Jin Sepanjang terus didesak oleh bala tentara Mataram. Timbullah pertempuran lagi yang sangat dasyat. Akhirnya Jin Sepanjang tewas oleh Pangeran Purbaya. Tiba-tiba hutan menjadi gelap semua bersamaan dengan matinya Jin Sepanjang. Sedikit semi sedikit hutan yang semula gelap menjadi terang kembali bersama dengan hilangnya Jin Sepanjang.
Hilang Jin Sepanjang kemudian menjadi sebatang tombak. Pangeran Purbaya tidak berminat memiliki tombak bertuah karena jelmaan dari Jin Sepanjang yang berwatak tidak baik.
Kemudian Pangeran Purbaya memerintahkan prajurit untuk memanam tombak tersebut di tempat itu juga. Tempat tersebut dinamai Desa Sepanjang.
Ketika pengepungan yang dilakukan pasukan Mataram terjadi Sonta dan karena rapatnya maka dikatakan “tepung gelang”, karena mengepung rapat seperti gelang.
Pangeran Purbaya menyebut tempat terjadinya pengepungan bernama “Magelang”. Sekarang menjadi kota dagang yang maju dengan nama “Magelang”.


Pangeran Samodra


Pangeran Samodra

Legenda Gunung Kemukus utawa Legenda Pangeran Samodra iku asale utawa dikenal neng desa Pendem, Kecamatan Sumberlawang, kabupaten Sragen, 26 kilometer saka tlatah Surakarta mengidul. Neng Gunung Kemukus iku ana sarean kramate Pangeran Samodra sing saiki papane kanggo obyek wisata neng kabupaten Sragen. Saben malem jum’at pon, kuburan kramat Pangeran Samodra iku ditekani wong akeh saka ngendi-ngendi sing biasane arep nggolek pesugihan.
Sejatine sing diarani Gunung Kemukus iku beda karo gunung-gunung liyane, kayata Gunung Merapi, Gunung Merbabu, lan sakpiturute. Gunung Kemukus iku dhuwure mung 300 meter saka permukaan laut. Dadi sakjane Gunung Kemukus iku mung gunung anakan. Jeneng “Kemukus” iku sejatine saka jeneng wit kemukus, kaya wit ringin, nanging ora nduwe sulur (akar gantung). Godhonge bisa dienggo tamba. Ananging sumber liyane nyebutake yen jeneng “Kemukus” kuwi saka tembung “Kukus”, amarga saka gunung kuwi kerep metu keluk sing asale saka obong-obongan menyan sing dadi sarat wong-wong sing padha njaluk berkah neng makam kramate Pangeran Samodra.
Miturut cerita saka masyarakat, Pangeran Samodra iku putrane Pangeran Kadilangu utawa.Sunan Kalijaga sing gagah, bagus, lan tuture alus, ananging yen diusut lewat sejarah, putrane Sunan Kalijaga iku jenenge Sunan Muria. Mulane legenda iku isih mbingungke..
Nalika semana, Kerajaan Majapahit pecah amarga ana pemberontakan Girindrawardana, priyayi-priyayi lan punggawan-punggawan padha mlayu nyelametake awake dhewe-dhewe. Ana sing lunga neng Gunung Tengger, ana sing nyebrang neng Bali. Pangeran Samodra bingung, arep melu lunga apa pilih tetep neng kono.
“Aja melu-melu para priyayi lan punggawan sing padha pilih nyingkir saka kene Pangeran Samodra. Meluwa aku wae! Aku arep pindhah neng Demak, banjur ngedekke pemerintahan neng kana”, ngendikane Raden Patah.
“Sendika dhawuh Raden”, semaure Pangeran Samodra.
Akhire Pangeran Samodra lan ibu kuwalone, Dewi Ontrowulan pindah Raden Patah neng Demak.
Tekan Demak, Raden Patah sak rombongane nyiapke pemerintahan dinggo nglawan Girindrawardana sing saiki nguwasani Majapahit. Raden Patah banjur nimbali Pangeran Samodra supaya ngadhep.
“Wonten dawuh punapa Raden?”.
“Pangeran Samodra, aku iki lagi nyiapke pemerintahan sing kuwat kanggo nglawan Girindrawardana, mula iku kanggo jaga-jaga lan supaya pemerintahane kuwat, aku pengen nglumpukake para priyayi lan punggawan-punggawan sing padha nyingkir, kocar-kacir ora nggenah. Aku ngutus njenengan supaya nggoleki lan nglumpukke para priyayi-priyayi lan punggawan-punggawan sing padha lunga kuwi, supaya pemerintahanne Demak bisa luwih kuwat nglawan Girindrawardana.
“Sendika dhawuh Raden”.
Tanpa kakeyan mikir, Pangeran Samodra langsung nyanggupi. Bareng wis budal, Pangeran Samodra rada kangelan anggone nggoleki para Punggawan lan priyayi amarga dheweke ora ngerti panggonane wong-wong iku saiki lan ana sing sengojo ndelik amarga ngerti yen lagi digoleki dening Pangeran Samodra.
Bareng suwe olehe Pangeran Samodra nggoleki, akhire neng lereng Gunung Lawu, Pangeran Samodra ketemu karo Raden Gugur. Banjur ketemu Raden Bethara Katong, sing biasane dikenal wong nganggo jeneng Adipati Ponorogo, Adipati Madiun, lan akeh meneh sing akhire gelem balik ndukung Raden Patah.
Neng Demak, Dewi Ontrowulan dadi kangen banget karo anak kuwalone, Pangeran Samodra.
“Pangeran Samodra, kapan sliramu bali neng Demak? Wis suwe anggonmu lunga ngemban tugas, ananging kena apa, tekan saiki sliramu ora bali-bali?”, ngomonge Dewi Ontrowulan nalika dheweke ngalamun neng kamar.
Pangeran Samodra wiwit lara-laranen amarga kekeselen.
“Pangeran Samodra, gandheng panjenengan nembe gerah, punapa mboten luwih sekeco panjenengan kondur kemawon dhateng Demak?”, mature prajurit marang Pangeran Samodra.
Bareng rombongan wis tekan neng dukuh barong, Pangeran Samodra lara meneh.
“Wis ngene wae, gandheng awakku lagi lara, awakku kayane ya ra kuwat, mendhing aku keri neng kene wae. Kowe-kowe padha baliya neng Demak, laporan karo Raden Patah. Karo tulung aturke sembah sungkem kagem kanjeng ibu, Dewi Ontrowulan”. Ngendikane Pangeran Samodra marang prajurit-prajurite.
Nalika prajurit loro mau mangkat lunga neng Demak, larane Pangeran Samudra saya nemen . Pangeran Samodra uwis krasa yen Dheweke wis cedhak karo ajale. Pangeran Samodra paring dawuh marang salah siji prajurite sing isih ngancani dheweke.
“Aku wis bener-bener ra kuwat meneh. Kayake aku arep ditimbali Gusti.Yen mengko wis tekan janjiku, dipundhut dening Gusti, tulung aku kuburen neng gunung anakan Kemukus sing panggone sakulone dukuh Barong iki”, ngendikane Pangeran Samodra.
“Ampun ngendikan kados mekaten, Pangeran…”.
Nalika prajurit loro mau tekan Kerajaan Demak Dewi Ontrowulan sedih, krungu kabar yen anake lara. Banjur dheweke njaluk ijin Raden Patah nyusul Pangeran Samodra neng dukuh Barong.
“Raden patah, dalem nyuwun pamit, badhe nyusul Pangeran Samodra dhateng Dukuh Barong. Dalem sampun kangen sanget Raden”.
“Ya Dewi Ontrowulan, enggal budhalo”.
Dewi Ontrowula cepet-cepet nyusul Pangeran Samodra neng Dukuh Barong. Atine Dewi Ontrowulan remuk banget nalika tekan panggonan sing dituju, Pangeran Samodra wis seda, lagi arep dikubur neng gunung anakan Kemukus. Ontrowulan nyusul rombongan wong sing nggawa mayite Pangeran Samodra karo nangis sesenggukan. Dewi Ontrowulan rumangsa perlu nyuceni awake sadurunge nyedhak mayite Pangeran Samodra, akhire Ontrowulan adus neng tlogo tilase sing dinggo ngaduse mayite Pangeran Samodra. Bareng wis resik, Ontrowulan nyusul Pangeran Samodra, pas Pangeran Samodra arep dilebokake neng jogangan kuburan.
Miturut wong-wong sing padha layat, Dewi Ontrowulan sing nyekseni mayite Pangeran dilebokake neng jogangan kuburan mau ngerti-ngerti ora sadar, seda, lan melu nyemplung neng njero jogangan, dadi siji karo Pangeran Samodra. Akhire Pangeran Samodra lan Dewi Ontrowulan dikubur bareng neng sakjogangan.